Winnie The Pooh Glitter

Pages

Senin, 02 Januari 2012

Tuladha Teks Sastra

Si Cebol Bisa Ngayuh Lintang

               Dhek jaman biyen ing desa Dhadapan ana sawijining kaluwarga kang anggone omah-omah kurang harmonis jenenge Limaran lan Pak Bejo. Limaran dijodohake karo Pak Bejo pawongan sing pawakane cebol. Si Cebol dipek mantu amarga wonge sregep makaraya, bisa nulungi bot repote wong tuwane sing akon ya ora bisa nolak.
                Wong-wong sadesane padha nyeluk Pak Cebol. Sing diceluk ya ora apa-apa, nanging beda karo bojone atine tansah kelara-lara. Saben dina tansah dadi gunemane wong ing desane amarga bojone cebol, mendahnia mengko yen duwe anak mangkone jarene,
              "Ooo alah urip pisan wae kok ora nyenengake, kabeh padha nggunem keluargaku"
              Sawijining dina limaran ora kuwat ngempet omongane tanggane sadesa, ing atine wis ditumpangi pikirane setan. Kanggo ngurangi rasa isin dheweke nduweni niat arep ngusir lan nyirnaake bojone kanthi cara kang alus yaiku supaya bojone golek penggawean ing kutha, amarga ing desane lagi paceklik sawah lan pategalan ora bisa ditanemi.
             Karepe ati mau diomongake menyang bojone lan bojone ugah sarujuk yen dheweke kudu golek penggawean ing kutha. P. Bejo alias Cebol banjur nyepakake sandhangan sing arep digawa menyang kutha dene limaran nyiapake sangu lan sarapan kanggo bojone. Ing jero atine wis diniati menawa sangune arep diwenehi racun, kanthi tujuane mengko ing tengah dalan yen kluwen mesthi dipangan lan ora let suwe bakal mati.
            Nalika pamitan Pak Bejo alias Cebol atine ngondhok-ondhok, amarga kudu ninggal bojone kanthi wektu ora winates. Dene limaran ethok-ethok kemembeng mripate amarga gegambaran bojone ora bakal bali lan mati ana tengah dalan.
           Sawise mlaku adoh lan ora leren-leren Pak Bejo mandhek lan ngasoh ing pinggir kalen kang banyune bening. Pak Bejo alias Cebol mau banjur reresik awake lan ngombeh banyu kali nganti ora kerasa luwe mane. Sangu sing digawani bijine durung kober dipangan. Sawise leren sedhelo pak bejo banjur nerusake lakue karo manggul sangune. Karo mlaku klendhang-klendhang Pak Bejo krunggu swara rame-ramepating gedebug ora karuwan. Dheweke pengen ngerti sakjane ana apa.Bareng tekan cedhak Pak Bejo lagi ngerti menawa ana kewan gedhe lan kang ngamuk, para prajurit keraton padha kewalahan anggone arep nelukake gajah kang ngamuk iku. Wong-wong sing ana sak cedheke ana sing kepidhak, omah-omah ambruk lan ora sithik wong-wong kang padha mlayu sipat kuthik kalebu Pak Bejo kang niba tangi. Pak Bejo wis ora bisa sewala, nangging tetep usaha mlayu golek slamet. Weru Pak Cebol mlayu kanthi arah walikane, gajah banjur ganti nguber Cebol lan Pak Bejo nganthi keglundhung, weruh kayak mangkoni iku wong-wong padha ngguyu lan malah dadi tontonan. Sangu sego, ngombe lan buntelan sing digawa saka ngoongbanjur nglumpruk mati. Pak Cebol, dhewe ya ora weruh.
           Pak Cebol dhewe sanalika tuwuh kekendelan wani munggah ing dhuwure lan kanthi sora dheweke mbengok nuduhake dhadhane, "E.... para sedulur aja nyepelekake aku, masiya Cebol aku bisa ngalahake kewan sing samene gedhene iki lho!"
           Wong-wong sing maune ndelik padha metu lan gumun ndeleng Pak Bejo banjur marani lan njunjung Pak Cebol. Amarga anane Pak Cebol mau reridune kutha dadi aman. Mulane Pak Cebol disowanake menyang kerathon lan entuk bebunga yaiku dadi abdi kinasihe raja

           Pak Cebol kang bisa ngalahake gajah iki keprungu sak desane, mula kanthi rasa kaget lan seneng Limaran banjur nyusul menyang keraton saperlu nyaluk pangapura marang bojone sing arep di racun. Gancaring carito Pak Cebol wis bisa ngapura bojone sing wis ngakoni kesalahane lan Pak Bejo urip ing kraton kanthi ayem lan tentrem. Mulane senajan Cebol ngene iki bisa nggayuh lintang lho....!

Minggu, 01 Januari 2012

SASTRA

                Maca intensif \pemahaman iku sawijining kegiyatan maca kang nduweni ancas\tujuan supaya mangerteni isi teks kang diwaca kanthi wektu kang cepet. Teks kang diwaca bisa awujud teks sastra utawa dudu sastra.                                                                                                                                                                
               Sadurunge mlebu ing pembahasan ndungkap isi wacana sastra lan non sastra, becike kita bahas luwih tansah bab karangan. Karangan yaiku asli tatanan tembung, ukaran lan alinea kanggo ngasilake gagasan sawijining topik\bab kang arupa tulisan.

Pembagian jinising karangan

               Manut bobot lan isine karangan bisa kagolong dadi 3 golongan yaiku karangan ilmiah, karangan semi ilmiah lan karangan non ilmiah. Kang kalebu karangan ilmiah yaiku laporan, makalah, skripsi, tesis, disertasi. Kang kagolong karangan semi ilmiah yaiku artikel, editorial, opini, feature, tips, reportase. Dene kang kagolong karangan non ilmiah yaiku anekdot, dongeng, hikayat, cerpen\cerkak, cerber\cerbung, novel roman, puisi\geguritan lan naskah drama

               Tetelune nduweni ciri-ciri kang beda. Karngan ilmiah nduweni aturan baku lan syarat-syarat kang mligi\khusus bab metode lan bahasa. Kosok walike karangan ilmiah yaiku karangan non ilmiah yaiku karangan kang ora kaikt dening aturan kang baku, dene karangan semi ilmiah\ilmiah populer ana ing antarane lelorone karangan kuwi.
               Teks sastra kalebu karangan non ilmiah yaiku asli karya\karangan kang dikembangake kanthi cara bebas lan nduweni isi pesen kang ditulis dening pengarang marang para pamaose.
               Teks non sastra kalebu karangan ilmiah yaiku karangan kang dikembangake adhedasar aturan-aturan panulisane lan aturan panggunane basa.  

Minggu, 25 Desember 2011

2.2.1 memilih tokoh yang diidolakan

                                                            KRESNA

         Nalika isih timur, Kresna asmane Narayana, putrane Prabu Basudewa raja ing, Mandura. Ibune asmane Dewi Rohini. Kresna nduweni sadilir cacahe loro yaiku mase kang aran Kakrasana lan adhine kanga ran subrada\Sembrada.Asmaneliya Kresna yaiku Kesawamurti, Padmanaba, Guwinda, Danardana,Wasudewa, wisnumurti.

        Nalika isih cilik Kresna dititipake wongtuwane marang Ki Demang Antyagopa lan bojone Nnyai Segopi ing Wadarakanhang, amarga kuwatir dimungsuhi sadulure kuwalon sing jenenge Kangsadewa.

        Narayana maguru marang Bagwan Padamana saperlu nambah ilmune ing babagan kasekten. Dheweke diparingi anugrah saka Dewa awujud senjata ampuh yaiku Cakra Baskara, Kembang Wijaya Kusuma lan kasekten batin yaiku weruh sadurunge winara. Uga mantrane kang aji yen lagi nesu bisa dadi raksasa kang gedhene sak gunung.
       Kresna bisa ngalahake raja Kerajaan Dwarakawestri\Dwarawati kang asmane Prabu Kunjana Kresna\Yuda Kalakresna. Lan ngganteni dadi raja ing kono. Nalika dadi raja Prabu Kresna kalebu raja kang duweni sifat adil, wicaksana loma, pinter lan disenengi wargane. Ya amarga sifat-sifate kang kaya mangkono kuwi, Prabu Kresna diseeenengi rakyate, lan kraton Dwarawati dadi subur, makmur, adil lan tata tentrem.
      Minangka titisan Dewa Wisnun Prabu Kresna nduweni tugas yaiku njaga katentremaning donyan lan nyirnaake angkara murka. Saliyane iku Kresna minangka panuntune\panasehate para Pandhawa. Kang isih kalebu sadulure. Saka tumindake lan sifat-sifate iku, kena dadi patuladhane manungsa ing donya iki.